Sabtu, 14 Mei 2011

Syi'ir Tanpo Waton - KH. Abdurrahman Wachid (Gus Dur)

astagfirullah robbal baroya...
astagfirulloh minal khootooya...
robbi zidni ilmannaafii'ah...
wawaffikni amalansolihah...

yarosulalloh salammunalaik...
yaarofiasaaniwaddaaroji...
atfataiyazi rotal aalaamin...
yauuhailaljuu diwaalkaromi...
yauuhailalzuuu diwalkaromi...
 
Ngawiti ingsun nglarasa ssyi'iran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo petungan 2X


duh bolo konco priyo wanito
ojo mung ngaji syareat bloko
gur pinter ndongeng nulis lan moco
tembe mburine bakal sengsoro 2X


akeh kang apal Qur'an hadise
seneng ngafirke marang liyane
kafire dewe dak digatekke
yen isih kotor ati akale 2X


gampang kabujuk nafsu angkoro
ing pepaes gebyare ndunyo
iri lan meri sugihe tonggo
mulo atine peteng lan nisto 2X


ayo sedulur jo nglaleake
wajibe ngaji sak pranatane
nggo ngandelake iman lan taukhite
bagus sangu mulyo matine 2X


kang aran soleh bagus atine
kerono mapan seri ngelmune
laku thoriqot lan ma'rifate
ugo hakekot manjing rasane 2 X


Alquran qodim wahyu minulyo
tanpo ditulis biso diwoco
iku wejangan guru waskito
den tancepake ing jero dodo 2X


kumantil ati lan pikiran
mrasuk ing badan kabeh jeroan
mu'jizat rosul dadi pedoman
minongko dalan manjing iman 2 X


kelawan alloh kang moho suci
kudu rangkulan rino lan wengi
ditirakati diriyadohi
dzikir lan suluk jo nganti lali 2X


uripe ayem rumongso aman
dununge roso tondo yen iman
sabar nerimo najan pas pasan
kabeh tinakdir saking pengeran 2X


kang anglakoni sakabehane
alloh kang ngangkat drajate
senajan ashor toto dhohire
ananging mulyo maqom drajate 2X


lamun prasto ing pungkasane
ora kesasar roh lan sukmane
den jadang alloh swargo manggone
utuh mayite ugo ulese 2X
---------------------------------------------

Berikut link download "Syi'ir Tanpo Waton" via 4shared.com : di sini

Tidak ada komentar:

Posting Komentar